Pancobaning Urip


kok koyo ngene abot sanggae yen lagi dadi wong ora nduwe
tak rewangi mbendino nyambut gawe rekoso
nanging kayane ra sepiro

urip ning donyo iki pancen kudu rekoso
opo meneh kahanan saiki ora iso di kiro
butuh soyo akeh bondo soyo kelong
opo opo tambah larang marai tambah bingung

direwangi nyambut gawe esuk awan wengi
nganti aku ora kober ngurus awakku iki
ning kok yo tetep uripku isih nelongso
pingini aku gek ndang cepet gek dang iso mulyo

nek ora duwe duit uripe angel meneh
nek ora mbut gawe abot ora iso sugih
kabeh iki tak lakoni mung dinggo awakmu
supoyo sesok aku iso cepet dadi bojomu

sing iso nguripi awakmu nganggo duitku dewe
ora njaluk wong lio opo utang tanggane
sitik bongko sitik duit iki tak lumpukke
tak tabung kanggo urip ro kowe sak lawase

rino klawan wengi aku tansah memuji
memuji marang kersane gusti
mugo kang kuoso enggal maringi mergo
kowe lan aku biso urip mulyo

tansah nelongso rasane atiku
yen aku kelingan marang sliramu
wes semono suwene anggonku mikir kowe
tansah agawe binggung atiku

tanpo kenal wektu anggonku nyambut gawe
nganti kurang turu nglembur gaweane
awak nganti rusak sirah nganti mumet
ben urip kepenak tur ora kepepet

pancobaning urip iki tak lakoni kanti iklas
karo sregep dongo ben aku iso cepet mentas
seko urip sing ngrekoso ngelakoni  alon²
waton kelakon nganti aku iki iso mulyo

ojo sambat karo nasib nek urip iki wes susah
kudu sregep nyambut gawe ben ora gampang pasrah
senadyan bayar sitik nanging ora ngapusi
jujur lan sabar kuwi kudu dadi kunci

ora peduli karo alangan sing tambah akeh
hatiku tu siap nompo ikhlas lan semeleh
supoyo aku lan sliramu iso bebarengan
mugo gusti paring dalan ben kabeh dadi padang.

rino klawan wengi aku tansah memuji
memuji marang kersane gusti
mugo kang kuoso enggal maringi mergo
kowe lan aku biso urip mulyo

Source : http://jundab.wordpress.com/2012/02/26/pancobaning-urip/

Artikel Terkait

0   komentar

Posting Komentar

Cancel Reply